Sebutan Bocah
Sebutane bocah / Sebutan untuk anak
1. Ontang – anting : anak siji lanang <> anak tunggal laki-laki
2. Unting – unting : anak siji wadon <> anak tunggal perempuan
3. Uger – uger lawang : anak loro lanang kabeh <> anak dua laki2 semua
4. Kembang sepasang : anak loro wadong kabeh <> anak dua perempuan semua
5. Cukit dulit : anak telu lanang kabeh <> anak tiga laki2 semua
6. Gotong mayit : anak telu wadon kabeh <> anak tiga perempuan semua
7. Saramba : anak papat lanang kabeh <> anak empat laki2 semua
8. Sarimpi : anak papat wadon kabeh <> anak empat perempuan semua
9. Pandhawa : anak limo lanang kabeh <> anak lima laki2 semua
10. Pancagati : anak limo wadon kabeh <> anak lima perempuan semua
11. Kendhana – kendhini : anak loro lanang wadon <> anak dua laki2 perempuan
12. Kendhini – kendhana : anak loro wadon lanang <> anak dua perempuan laki2
13. Sendhang kapit pancuran : anak telu, lanang – wadon – lanang <> anak tiga perempuan di tengah
14. Pancuran kapit sendhang : anak telu, wadon-lanang-wadon <> anak tiga laki2 ditengah
15. Keblat papat : anak papat lanang wadon <> anak empat laki2 perempuan
16. Sepasar : anak lima lanang wadon <> anak lima laki2 perempuan
17. Padangan : anak lima wadon siji <> anak lima perempuan Satu
18. Ipil-ipil ( pipilan ) : anak lima lanang siji <> anak lima laki2 satu
19. Pandhawa nyandhangi : anak enem wadon siji wuragil <> anak enam perempuan terakhir
20. Kembar : anak loro lair bareng <> anak dua lahir bersamaan
21. Kembar gantung : bocah kembar laire let sedina <> anak kembar lahir selang satu hari
22. Dhampit : anak loro lanang wadon laire bareng <> anak dua laki2 perempuan lahir bersamaan
23. Gilir kacang : anake akeh giliran lanang wadon <> anak banyak bergilir laki2 perempuan
24. Lumpat kidang : anake akeh ora giliran lanang wadoh <> anak banyak tidak bergilir laki2 perempuan
25. Gendhong : anak wadon akeh seng tengah anak lanang <> anak perempuan banyak yang tengah anak laki2
26. Pathok : anak lanang akeh seng tengah wadon <> anak laki2 banyak yang tengah perempuan
27. Grandhel : anak lanang pirang – pirang, seng wuragil wadon, utawa anak wadon pirang-pirang seng wuragil lanang <> anak banyak yang terakhir perempuan atau laki2
28. Sumarak : anak akeh seng lanang luwih akeh <> anak banyak yang laki2 lebih banyak
29. Anggana : anak akeh seng urip gari siji <> anak banyak yang hidup tinggal Saturday
30. Cemani : anak ireng mulus <> anak hitam mulus
31. Wungle, bule : anak putih mulus <> anak putih mulus
32. Gondhang kasih : anak loro beda pakulitane, ono seng ireng ana seng putih <> anak dua beda warna kulitnya, anak yang putih ada yang hitam
33. Pambarep : anak sing nomer siji <> anak yang nomer satu
34. Panggulu : anak sing nomer loro <> anak yang nomer dua
35. Pandhadha : anak sing nomer telu <> anak yang nomer tiga
36. Sumendhi : kakang wuragil <> kakak anak terakhir
37. Wuragil, waruju : anak seng keri dhewe <> anak yang terakhir sendiri
38. Panenggak : anak nomer loro seko lima cacahe anak <> anak yang nomer dua dari lima bersaudara
39. Panengah : anak nomer telu seko lima cacahe anak <> anak yang nomer tiga dari lima bersaudara
40. Lola ( yatim piatu ) : bocah seng ditinggal wong tuwane <> anak yang orang tuanya sudah tiada
41. Yatim : bocah lair wis ora menangi bapake <> anak yang lahir sudah tidak mempunyai ayah
42. Lola bapa ( biyung ) : bocah seng wes ora nduwe bapak utawa ibu <> anak yang sudah tidak mempunyai salah satu dari bapak/ibu
43. Konduran : bocah lair slamet nanging ibune seda <> anak yang lahir selamat tapi ibunya meninggal
44. Sumala : bocah sing cacat wiwit lair <> anak yang cacat dari lahir
45. Thok thing : bocah sing lair kanthi sirah cilik <> anak yang lahir dengan kepala kecil
46. Julung kembang : bocah sing lahir nalika srengenge mletek <> anak yang lahir ketika matahari terbit
47. Julung sungsang : bocah sing lahir nalika bedug awan <> anak yang lahir ketiga waktu tengah hari / waktu dzuhur
48. Julung sarab/surup : bocah sing lahir nalika ngarepake surup <> anak yang lahir ketika matahari akan tenggelam
49. Julung caplok : bocah sing lahir nalika surup <> anak yang lahir ketika matahari tenggelam
50. Margana : bocah sing lahir nalika ibune lelungan <> anak yang lahir ketika ibunya sedang dalam bepergian
51. Wuyungan : bocah sing lahir nalika perang <> anak yang lahir ketika perang
52. Wahana : bocah seng lahir nalika ibune ana pasamuan <> anak yang lahir ketika ibunya sedang dalam acara pertemuan
53. Jempina : bocah seng lahir durung wayahe <> anak yang lahir belum saatnya
54. Tiba sampir : bocah sing lahir kalung usus <> anak yang lahir dengan posisi usus melingkar di leher
55. Tiba ungker : bocah sing lahir ususe nggubed gulu <> anak yang lahir dengan usus yang menjerat di leher
56. Wungkul : bocah sing lahir tanpa ari-ari <> anak yang lahir tanpa ari-ari
Selasa, 04 Oktober 2016
SEBUTAN BOCAH
Rabu, 04 Mei 2016
Urip kudu migunani
Bermanfaat Bagi Manusia Lain Tidak Harus Memberi Dalam Bentuk Barang, Tetapi Dapat Memberi Dalam Wujud Ilmu Pengetahuan Yang Berguna Positif. Bermanfaat Itu Memberi Apa Yang Dibutuhkan, Bukan Apa Yang Diinginkan
Langganan:
Postingan (Atom)