Rabu, 21 Januari 2015

Sluku-Sluku Bathok Sluku-sluku bathok Bathoke ela-elo Si Rama menyang Sala Oleh-olehe payung motha Mak jenthit lolo lobah Wong mati ora obah Nek obah medeni bocah Nek urip goleka dhuwit. Cublak-Cublak Suweng cublak cublak suweng suwenge ting gelenter mambu ketundung gudel pak empong lera-lere sopo ngguyu ndelikkake sir sir pong dhele gosong sir sir pong dhele gosong Jaranan jaranan-jaranan… jarane jaran teji sing numpak ndara bei sing ngiring para mantri jeg jeg nong..jeg jeg gung prok prok turut lurung gedebug krincing gedebug krincing prok prok gedebug jedher Jamuran Jamuran jamuran ya ge ge thok jamur apa ya ge ge thok Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung sira badhe jamur apa? Pitik Tukung Aku duwe pitik, pitik tukung saben dina, tak pakani jagung petok gogok petok petok ngendhog siji tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu Padang Mbulan Yo, para kanca dolanan ning njaba Padang mbulan, padange kaya rina Rembulane sing ngawe-awe Ngelingake aja pada turu sore Pelem-Pelem Mentah Pelem-pelem mentah Entek entek no entek entek no Sisane sang gatut koco Gatutkoco edan gatotkoco edan Omahe plek emplekan Kidul kidul kono kidul kidul kono Ono lintang galo galo Dak sumpingi opo dak sumpingi opo Dak sumpingi godhong telo Ela elo eno Paman Tukang Kayu Paman tukang kayu Pripun solahdhiko graji kayu Srok drung drung srok pung Srok drung drung srok gung Paman tukang kayu Pripun solahdhiko natah kayu Tek dung dung tek pung Tek dung dung tek gung Paman tukang kayu Pripun solahdhiko masah kayu Srek dung dung srek pung Srek dung dung srek gung Paman tukang kayu Pripun solahdhiko maku kayu Tok dung dung tok pung Tok dung dung tok gung Paman tukang kayu Pripun solandhiko ngethok kayu Tok dung dung tok pung Tok dung dung tok gung Paman tukang kayu Pripun solahdhiko nggorok kayu Srek drung drung srek pung Srek drung drung srek gung Srek drung drung srek pung Srek drung drung srek gung Padhang Rembulan Ayo ayo dha dolanan ing plataran Padang rembulan padange kaya rina Padang gumilang sing dolan ora ana Bocah dolan bocah dolan dha renea Ayo para kanca ayo padha suka-suka Dolanan jogetan tetembangan ing plataran Kupu Kuwi Kupu kuwi tak incupe Munglakumu ngewohake Ngalor ngidul ngetan bali ngulon Mrono mrene mung sak paran-paran Sapa bisa ngincupake Mentas menclok clegrok Banjur mabur bleber Kroto-Kroto Kroto-kroto pentile mlinjo Mlinjo dadi omah gedong pinggir kali Parenda parendi parenda parendi Abang koyo dubang putih koyo utih Manuk glatik kelire alus dadane Sentak sentik ambegane Sentak sentik ambegane Kidang Talun Kidang talun mangan kacang talun Mil ketemil mil ketemil Si kidang mangan lembayung Tikus siji duwe anak siji Cicit cuwit cicit cuwit Si tikus mangani pari Gajah belang seko tanah sebrang Si gajah kecemplung blumbang Kembang Jagung Kembang jagung omah kampung pinggir lurung Jejer telu sing tengah bakal omah ku …… munggah guwo mudun …… Metik kembang soko dicaoske kanjeng romo Maju kowe tatu mundur kowe ajur Jokno sak balamu ora wedi sundukanmu Iki lho dhadha satriya Iki lho dhadha janaka Jago Kate Jago kate tetete kukuruyuk_kok…….. Dibalang watu uncag-uncug_keok Keno telihe doh layune_jrantal Mari umuk mari ngece Si kate katone nyekungkung Buto-Buto Galak Buto-buto galak solahe lonjak-lonjak Ngadek sigrak-sigrak Nyandak punco nuli tanjak Bali ngadek maneh rupane ting celoneh Kuwi buron opo tak sengguh buron kang aneh Lawong kowe sing marah-marahi Lawong kowe we we we sing marah-marahi Rupamu kok ngono hi… hi… aku wedi Ayo konco podo bali Galo kae galo kae Rupane terak-terok rok … rok … rok… rok … Matane plerak-plerok rok … rok … rok… rok … Yo kulite ambengkerok Esuk esuk Esuk-esuk srengengene lagi metu_ sibu Nyuwun pengestu kang putra bade sinau_ sibu ** Esuk-esuk srengengene lagi metu_ sibu Nyuwun pengestu kang putra bade sinau_ sibu Awan-awan srengengene eneng tengah_simbah Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah_ simbah ** Awan-awan srengengene eneng tengah_simbah Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah_ simbah Sore –sore sianu ono ing sabak_ bapak Biblak sodo wis gemletak njroneng kotak_ bapak ** Sore –sore sinau ono ing sabak_ bapak Biblak sodo wis gemletak njroneng kotak_ bapak Kodok Ngorek Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali teyot teblung teyot teblung teyot teyot teblung Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo Kate Dipanah Te kate dipanah dipanah ngisor gelagah ana manuk onde-onde mbok sirbombbrok, mbok si kate mbok sirbombbrok, mbok si kate mbok sirbombbrok, mbok si kate Lir Ilir Lir ilir, lir ilir, tandure wus sumilir tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi Lunyu lunyu yo peneken kanggo mbasuh dodo tiro dodo tiro kumitir bedah ing pinggir Dondomana j'rumatana kanggo seba mengko sore mumpung padang rembulane, mumpung jembar kalangane.yo surako surak hiyo. Gundhul-Gundhul Pacul Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan wakul ngglimpang, segane dadi sak latar wakul ngglimpang, segane dadi sak latar Menthok-Menthok Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu, angisin-isini mbok yo ojo ngetok, ono kandhang wae enak-enak ngorok, ora nyambut gawe menthok, menthok ... mung lakukumu megal megol gawe guyu Gambang Suling Gambang suling, ngumandhang swarane tulat tulit, kepenak unine uuuunine.. mung..nreyuhake ba- reng lan kentrung ke- tipung suling, sigrak kendhangane Geguritan (Puisi Jawa Gagrag Anyar) Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Mula, ana sing ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung ‘geguritan’ asale saka tembung ‘gurita. Tembung ‘gurita’ owah-owahan saka tembung ‘gerita’. Tembung ‘gerita’ linggane ‘gita’, tegese ‘tembang utawa syair’. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu- lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang warna-warna wujud dhapukane. Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung warna-warna araning geguritan, kaya ta: 1. Syair rong gatra sapada (gita dwigatra) Pangajab Atimu kang wingit mara selehna ing dhadhaku, atimu kang wengis mara tumpangna ing tanganku. Priya kang tansah ngulandara mara nyedhaka, ing tanganku tumetes anyesing banyu sih sutresna. Angin bengi angining pangayoman, mara nyedhaka ing samubarang tumandukmu. Priya kang tansah ngulandara, ing kene ana halte pungkasan. (Napsiah Sastrasiswaja, Djaja Baja: XVIII No. 28, 16) 2. Syair telung gatra sapada (gita trigatra) Anak Kemandhange kaluwarga kang ngasri bawana klawan warna rupa bedhekan. Iya berkah paringe pangeran tali-talining karep lan katresnan kang nyancang marang alam kasunyatan. (St. Iesmaniasita, Mekarsari: XI No. 16, 1967) 3. Syair patang gatra sapada (gita catur gatra) Wengi nganti adoh parane kasepen nggilet donya, dikembangi sunare rembulan tanggal tuwa, dumelung nglangut asu mbaung, wengine sangsaya liwung. (Eddy D.D., Djaja Baja XVIII, 1964:16) 4. Syair limang gatra sapada (gita panca gatra) Lintang-lintang lintang-lintang abyor ing tawang cumlorot sliweran nalika alihan kumleyang mencok ing socamu asihku cahyane gumebyar sunare gilar-gilar ing telenge atimu sliramu tansah dakantu lintang-lintang alihan cumlorot telu ana pundhakku kawitan lintang abang lintang perang kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan (Suharmono, Jaya Baya. XXXI, 1977:26) 5. Syair nem gatra sapada (gita sadgatra) Tresnaku marang Dasih Sanadyan kaya ngapa kerut samirana kabuncang ing pangumbara semine pucuk-pucuk mlathi tansah dakanti awan bengi kanthi donga panyuwun marang rama ibu lan Gusti (Trilaksita, Djaja Baja. XIX No. 42:24) 6. Syair pitung gatra sapada (gita sapta gatra) Tapel Wates Apa bakal kokpasrahake jembaring dhadhamu, pinangka wedaling tresna, urip rak mung sak mampir ngombe, ana janji-janji sing durung tinebus bali, putihing mlathi lan wengi biruning tresna lan ati, sarta kijinging nini-nini (Trim Sutidjo, Djaja Baja. XIX No 4:24) 7. Syair wolung gatra sapada (gita hastha gatra) Ing Sihing Gusti Mitra aja uwas atimu, nadyan neng tepining jurang, weteng-wetyeng sing muntir ora dipikir, ati ngedhap ngelingi urip sesuk, lan saya badhege jaman edan, sokna atimu mitra! ing sihing Gusti ing sihing Gusti (Soejono, Djaja Baja. XIX No. 27, 1965:24) 8. Syair sangang gatra sapada (gita nawa gatra) Jakathole Aku iki pangumbara saka sabrang kidul, ing Madura ngupaya lurung agung, tumuju marang jangka sejarah, klawan jangkah angarah candhi madu repolusi, aku iki turunmu tunggal bumi o, Jakathole pecutmu nggugah semangat, siniram amis getih papa anjerit kataman duhkita, Jakathole, aku antuk waris teguhing jiwamu, arep dakbektekake marang nusa bangsa. (Anie Soemarno, Djaja Baja. XIX No. 4:24) 9. Syair dhapur sonata Kawruh Saliring kodrat kang tinon mripat, Apa dene kang tan kasat mata, Kabeh tumindak miturut sipat, Garis angger-anggering jagad raya. Wit lumrahing janma neng jagad, Tan sepi anane para sarjana, Rina lan wengi tan kendhat-kendhat, Marsudi angering tribawana. Sarana pakarti lawan samadi, Sanitya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar