Senin, 25 Mei 2015

TURI PUTIH

Bismillahirrahmanirrahim,,,,,,,,,
TURI-TURI PUTIH
(tak elingna wong sawiji menawa iku kabeh
bakale di bungkus kelawan putih kaya
kembange turi)
-DI TANDUR NENG KEBON AGUNG
(Gak ana maneh kejaba nang kuburan)
sawise pati manungsa bakal isih urip ing
sajroning alam kubur (barzakh) nganti Dina
Kabangkitan (Yawm al-Qiyāmah). Miturut
sarengat Islam, yen tingkahe saben individu
ing barzakh iku miturut patrap, solah
tingkah utawa tumindake manungsa iku
dhewe, banjur dadi sawijining gambaran ing
alam baka.
-CEMLERET TIBO NYEMPLUNG KEPUNDUNG
KEMBANGE APA
(Mbuh kembange suargo , embuh kembange
neraka tergantung amale dewe-dewe ana
ing dunyane)
- Zaman makmur akeh wong kang padha
kufur
Senengane tumindak ngawur urip ngelantur
angel di atur
Para sedulur kakung lan putri akehana
anggane syukur
- Zaman akhir akeh wong kafir
Seneng nuruti nafsu ing pikir ,mondar
mandir ora gelem mikir
Para sedulur kakung lan putri ngekehna
anggone dzikir
- Wes wancine ayo tobat marang gusti
Mumpung durung teko pati kang wes mesti
Nyuwun maring gusti tobat sak tulusing ati
Wiwit cilik nganti sak iki, Mugi gusti
ngijabahi
ALLAHUMA AMIIIIINNNN......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar